Bengawan Solo

Bengawan Solo asalé saka tlatah Gunung Lawu, mili ngalor ngliwati tlatah Jawa Tengah terus satekané Cepu menggok ngetan liwat Bojonegoro sabanjurè tekan Laut Jawa liwat Surabaya. Bengawan Solo awujud kali sing paling dawa dhëwë ing Pulo Jawa, yakuwi kira-kira 540 kilometer dawané. Sakliyané nduwèni fungsi minangka sarana pengairan kanggoné wrga ing tlatah sing diliwati, tlatah Bengawan Solo kawentar minangka tlatah sing nyimpen sajarah anthropologi kuna. Wilayah Kali Bengawan Solo ambané ana kurang luwih 20.125 km persegi. Saka wilayah Pegunungan Sewu Bengawan Soklo mili ngliwati 20 kabupaten/ kota. Yaiku 9 kabupaten ing Jawa Tengah: Wonogiri, Klaten, Sukoharjo, Karanganyar, Boyolali, Sragen, Blora, Rembang lan Kutha Surakarta. Déné ing wilayah Jawa Timur ana 11 Kabupaten sing dilewati yakuwi: Ngawi, Magetan, Ponorogo, Madiun, Pacitan, Bojonegoro, Tuban, Lamongan, Gresik lan Surabaya, saterusé mili tekan Laut Jawa. Sumber: Warta Ditjen SDA Dep PU

Akèh pigunané

Sumber Penguripan

 

Penambang Pasir ning ngisor treteg Bengawan Solo

Banyu Bengawan Solo wis akèh gunané kanggo penguripané masyarakat sing manggon ing dhaerah iliané. Cathetan taun 1998, pendhudhuk sing manggon ing dhaerah miline Bengawan Solo kecathet ana 15,3 yuto jiwa, utawa padha karo 12,8 persen saka kabèh penduduk Pulo Jawa. Sawetara kurang luwih 76 persen penduduk mau golèk penguripan saka budidaya sektor pertanian. Sakliyané pengairan, banyu Bengawan Solo uga dadi sumberé banyu ngombé, sumber tenaga listrik, budidaya iwak banyu tawa lan tambak, lan sawetara penduduk uga golèk penguripan saka njupuki pasir. Sebagéan Sumber: Warta Ditjen SDA Dep PU

Sumber Air Baku

Banyu Bengawan Solo, utamané sing wis dibendung dimanfaataké kanggo sumber bahan baku banyu ngombé lan industri.

Sumber Tenaga Listrik

Bendungan Bengawan Solo, contoné Bendung Wonogiri, minangka sumger enersi listrik sing banget migunani tumraping keperluan sadina-dina lan keperluan industri.

Daerah Penelitian Arkeologi

Wisata Purba

  • Lembah Giritontro. Mirip karo riwayaté kali Amazon di Amerika Selatan, Kali Bengawan Solo dhik jaman biyèn ora mili ngalor nuju Laut Jawa kaya saiki, nanging mengidul nuju Samudra Hindia. Bukti-bukti geologis, lan uga arkeologis, nuduhaké yèn Kali Bengawan Solo Purba mbiyèné nduwèni muara ing Teluk Sadeng, Gunung Kidul, Yogyakarta. Déné huluné saka Lembah Giritontro, sawijining kawasan pegunungan karst ing Wonogiri, Jawa Tengah. Nanging, proses tektonik arupa pengangkatan lan molèté sesar pegunungan ing sisih kidul nyebabaké arus kali mbalik arah ngalor. Bengawan Solo banjur kebendung lan mujudaké bunderan telaga ing sakubengé Batureto nganti Eromoko, Wonogiri. Sebab arah arus kaliné mbalik, tilas badan kali purba saiki malih rupa dadi lembah garing abadi sing dikenal kanthi jeneng Lembah Giritontro. Lembah iku mau nembé ditemokaké ing lereng Gunung Sewu bagian tengah ana ing taun 1936. Lembah sing dawané udakara 20 kilometer iku nrobos pegunungan kidul ing Kabupaten Wonogiri bagian kidul. Lembah Giritontro banjur berkembang dadi kawasan sing langka. Proses pembentukané sing makan wektu nganti 7 yuta taun iku akèh nyimpen bukti sifat bumi, kayata pengangkatan nganti makaping-kaping lan pembentukan gua-gua sing tau dadi hunian manungsa prasejarah. Sumber: Giritontro
  • Pesisir Sadèng. Sakjroning dalan nuju Pantai Sadeng, jalur aliran Bengawan Solo Purba bisa dinikmati pemandangané. Jalur aliran iku bisa dideleng sakwisé tekan panggonan sing ana plang biru sing ana tulisné “Girisubo – Ibukota Kecamatan”. Mandheg sauntara ing pinggir dalan nuju pesisir utawa mlaku lon-lonan mujudaké cara paling tepat kanggo nikmati pemandangan tilas aliran kali iki. Katon perbukitan kapur sing dhuwur-dhuwur ngapit sawijining lembah sing mauné jalur aliran kali. Dataran rendah sing saiki dadi lahan palawija penduduk setempat iku menggak menggok, wiwitané ngalor tekan wilayah Pracimantoro, Kabupaten Wonogiri,terus menggok ngidul akhiré tekan pesisir Sadèng. Pesisir Sadèng saikiné wis dadi pelabuhan perikanan sing maju, kabuktèaké kanthi anané kelengkapan sarana pendukung sing sarwa pepak, kayata perahu motor ukuran gedhé, terminal pengisian bahan bakar, rumah pondokan nelayan nganti anané panggonan pelelangan ikan lan koperasi. Sumber : Yogyes

— wikipedia —

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s